Cerita | ‎Selvi Yulianti‎ ke Kerabat Keliling Jogja

Advertisement

Masukkan script iklan 970x90px

Cerita | ‎Selvi Yulianti‎ ke Kerabat Keliling Jogja

Senin, 22 April 2019



Selvi Yulianti‎ ke Kerabat Keliling Jogja

20 April pukul 15.57 ·
Janjan e nek dinalar ra masuk akal , lha wong lagi turu kok dijenggit rambutku. Demit ngendi sek sering ngusili wes ben tak nengke wae basan aku tangi lha kok raono uwong. Lagi peng pisan kui diganggu dhemit hesjan ono2 wae..

Kepindone pas kui jam 2 isuk, lehku turu kemulan madep tengen ro krukupan sarung. Wongyo lg turu dilit kok ono suara simbah2 muni ojo tangi turu wae. Lgsg merinding kabeh awakku njod tangi neng jeru sarung wong ketrawang. Kok yo raono wujud e

Setelah kejadian kui ibukku nukokke aku ayat kursi jare ben ra diganggu wkwkwk :D :D yo tenan bar kui blas le turu nyenyak ra diganggu meneh..

Wes sui bgt ra diganggu meneh ro dhemit ,, lha kok mambengi jam 3 isuk guluku mburi ono sek dhemek mung tak nengke wae paling yo ibuku. Banjur aku tangi niliki ibuku turune pules bgt,, lha njok trs sopo sek ndemek guluku kui mau.??
Trs aku takon ibuku jare ra demek guluku..

Aku udu anak indigo tp sering diganggu ro bangsane dedemit,, janjan e yo penasaran. Tur kok nek weruh rupane malah dadi wedi dewe ngko malahan..

Simbahku yo hoo diganggu ro dhemit kurang gawean mboh dhemit opo,, pas kui lg turu jare ono sek gugah njod dihoyak2. Basan tangi njod ditiliki tekan njobo omah raono uwong blass.

Aku pgn takon dulur2,, janjane ono sangkut paut e ro pedang sek didueni karo simbahku ora gih soal e pun tahun 1800an pedang e niku. Mbok menowo onten sek ngertos hehe. Suwun

#hantutakkasatmata